Sabtu, 11 Februari 2012

naskah pilm


Putro kawolo


Adegan 1 :
Bapak : ( nggremeng nang kamar’e ) kaulo pengabdi neng lemah’e gusti. kaulo obah lan mlampah nganti pituduh’e soko gusti. kaulo ngerti bener lan salah nganti kitab’e sakeng gusti. dalan urep menungso sak kadah pranah niki sakeng pengatur’e soko gusti. ora usah susah yen ono musibah. Tapi golek’ono opo seng dirumongso salah.

Adegan 2 :
Putro    : ( ngrasakno sedih lan ngeluh karo urip’e ) aku ra rumongso lanang yen aku ra iso mbuktekno neg aku iki lanang. Urepku gak iso aji yen aku gak iso nduwe bayi. Rugi lehku numpuk bondo yen aku gak ono seng ngirimi dungo. Tak nggo opo aku urep karo wong wedok telu yen kabeh mong tak anggep babu.
jangankan lelaki sadar ku tak tau apa ini ego berjuluk kelelakian? bersimbol batang kemaluan yang menuding pembuktian kejantanan dan ketika  ikatan sosial bregenerasi maka seakan anak adalah harga mati sertifikat kelulusan menjadi lelaki.

hah hatiku cair kala senyum istri2ku mengiklaskan pedih.
cinta bagai pepesan kosong, disebut nafsu terasa asing karna nafsu sudah satu paket dengan birahi. kuasa? iya inilah penguasaanku atas diri perempuan yg kunikahi cinta cukup berperan sebagai kail saja. kasih syang sekedar perwakilan dengan beberapa lembar kertas ksombongan  dan logam2 kemewahan.
aku paksa mereka agar menghasilkan keturunan, dengan keegoisanku. Bahkan aku menanggalkan iman dengan samar seakan aku mampu menciptakan bayi, sungguh aku melupakan tuhan aku egois ya egois.
Adegan 3:
( nang sawah poro rewang’e raden putro podo ngrasani ndoro’e pas wayah ngaso soko kerjo’e )

Tarji                 : walah jan ombo tenan kok sawah’e den putro iki.
Karno              : yo iyo wong juragan’e dewe iku iso nerusno warisan’e kelurga’e sampek berkembang koyok ngene. Usahane tambah akeh etek yo berasil kabeh. Dadi bondo’e yo dadi akeh. Iso dipangan sampek pitong turunan kuwi kok.
Tarji                 ; hebat tenan yo.
Karmen            :tapi percuma. Den putro iku gak iso nggawe anak. Dadi yow gak ono keturunan’e seng bakal ngentekno.
Tarji                 : nggawor lambemu. Nag nggawe anak den putro yo iso men. Iku bukti’e bojo’e sampek telu.
Karmen            : nak sekedar nggawe yo bener iso ji. Tapi nyatane lak sampek sak iki gak iso ndadekno anak to. Bedo karo kw. Rabi lagek 7 tahon anakmu wes 7.
Karno              : lhawong tarji iku nag bengi ijolan sandal tok ae bojo’e wes iso meteng.
Tarji                 : yo ben to, wong yo bojo2q dw. Penteng 11 tahun ngkas anak2q ape tak gawekno grup bal2an.
Karmen            : tarah wong edan kok kw’i.

Adegan 4:
( putro mengigau dalam tidurnya )
Putro                : sarah…sarah…. Ndi anakku lanang. Tokno sarah, ojo mbok delek weteng ae. Ayo tokno sarah. Ria….ria.. ayo ewangono aku ria… cekelono tangane sarah. Tak bedel’e weteng’e sarah. Anakku nang kono. Ayo ria… lha kw kok gak gelem ngewangi aku. Maksudmu opo… ria… ojo mlayu kw….. ayo ewangi aku ria….. hhhoooooeeee…. Ranti… opo kuwi… opo seng mbok bungkos nag gendonganmu kuwi. Opo kuwi anakku ran… ranti, matursuwan ran… matur suwun ran. Gowo rene, gowo rene jajal. Kene tak buka’e anakku.  Loh…loh…. Opo iki ran. Iki lak BOOOOOOOM……
( putro langsung tangi soko turu’e karo ngos2an. )
Putro                : untunge kok trimo nyipi.

Adegan 5:
( perbincangan para istri putro )
Ranti                : sampek saiki aku jek kagum karo sampean mbak sarah.
Sarah                 : kenek opo mesti kagum karo aku. Aku iki wong seng ra enek gunane. Wong ra nduwe aji. Wong wedok seng ra nduwe arti kanggo bojo’e.
Ranti                  : sampean iku istri seng iso dikagumi mbak. Sampean iku tabah, tegar, tetep iso ngekek’I cinta seng sempurna kanggo mas putro. Sampek2 sampean iku ikhlas mbagi cintane mas putro Cuma kanggo kebutuhan lan kesenangane mas putro.
Ria                     : nggeh niku mbak. kulo niki sakjane rumongso doso kaleh njenengan.
Ranti                  : padahal aku iki seng wong wedok murah regane ngene a ewes gak kuat ngadepi keadaan seng koyok ngene. Aku seng rumongso gak aji iku mbak. Regoku gak layak dibayar koyok ngene. Nyatane sampek saiki aku yo gak iso nuruti opo seng dikarepno mas putro. Aku iki wanito seng ino mbak. Aku iki dadi wanito seng ra nduwe aji blas.
Sarah                 : opo gunane aku mbok arani dadi istri seng tabah, tegar. Yen aku mong iso mbagi cintaku. Tapi aku yo mbagi beban seng sakjane ngunu rap antes tak bagi karo sampean2 iki.
Ria                     : mboten usah ngoten mbak. Kulo ikhlas kok nanggung beban iki.
Sarah                 : tapi… tapi…… aku seng ra ikhlas mbebani urepmu kabeh iki ambi keadaan seng koyok ngene anane.

Adegan 6:
( nang kali pas poro ewang’e putro podo ados sak mari’e kerjo. )
Tarji                   : kesel tenan yo nggarap sawah bondo’e den putro iki. Lha wong ombone sak mono kah’e jare.
Karno                : sak kesel2mu nggarap sawah iku jek kesel den putro mikirno bondo’e dek’e mene ape digarapno sopo. Percuma nduwe bondo sak mono kah’e nag gak ono seng iso nerusno soko anak turune dewe.
Karmen              : yo nag kuwi salah’e den putro dewe. Wong seng putus garis turunane yo den putro dewe kok.
Tarji                   : lha kok iso lho men!!!
Karmen              : lha nyatane. Wayah den putro karo yu sarah ra nduwe2 anak. Ndekne diloloni ngrabi ria seng ayu’ne koyok ngono jaman mbiyen. Yo ra iso nduwe anak sisan. Sampek akhir’e rabi maneh karo yu ranti. Padahal yu ranti iku iso nduwe anak limo pas jek rabi karo kang sukijan. Tapi nyatane sampek saiki yo ra iso nduwe anak maneh karo den putro.
Karno                : kabeh iku wes ono dalane dewe2. Tarah kanjeng gusti ngature wes ngunu. Mosok wong sak penjaluk’e iso keturutan kabeh. Dikek’I keluihan tapi yo dikek’I kekurangane.
Karmen              : tapi yo ngesakno ria to. Ria iku mbiyen prawan ting2 tor uayu tenan pas diwayoh karo den putro.
Tarji                   : halah padunem men. Ngomong2 ngesakno karo ria. Padune kowe mbiyen lak seneng karo ria to. Kok Cuma ria mileh dirabi karo den putro. Makane kowe jek loro ati. Yo to?
Karmen              : loh, iyo. Tak akoni ji. Aku kaet mbiyen tarah seneng karo ria. Cuma tarah aku kalah dupo ae. Dupoku tak taburi kembang melati, lha dupo’e den putro ditaburi kalong karo gelang emas. Yo buyar aku.
Karno                : ngono iku mesti enek hikmah’e men. Kowe iso diduduhi karo pengeran lek kowe iku bakal’e ra iso nyukupi kebutuhane ria. Nyatane ria luweh mileh gelang karo kalong emas to timbang wangi’e kembang melatimu.
Karmen              : loh. Gak ngunu no. seng njupokno gelang karo kalong iku de sarji edan iku lho. Wong anak asli’e gak gelem kok dipekso2. Wong tuek kok gak roh perasaan’e anak blas.
Tarji                   : halah koyok eroh ae kowe.
Karmen              : lha kowe gak roh piye. Ria iku mbiyen wes gelem nampani kembangku. Ndek’ne wes siap urep susah seneng nag karo aku. Tapi de sarji seng mekso ria nrimo lamarane den putro. Lha ria yo ngunu. Ria gak iso nolak opo seng dikarepno wong tua’e. dek’ne pengen iso nyenengno wong tuo’e. ria gak gelem gawe ati’e de sarji kecewa. Wuuh… atiku jaman sak mono yow luoro. Mangan ra doyan. Ngombe gak kolu. Telong ndino telong mbengi atiku nanges.
Karno                : halah nag ngono iku yowes gak usah dipikir saiki. Kowe coro iso dadi tenan karo ria yo urong mesti iso nyenengno urep’e ria. Nag tarah kowe cinta karo ria iku saiki kowe kudu’e yo melok seneng ndelok ria wes iso urep mulyo karo den putro.
Karmen              : halah kok ngurusi taek2an nag nduyo iki. Seng salah ra rumongso salah. Seng bener yo ra tau ketemu bener’e.

Adegan 7:
( terdengar suara lelaki tua yang menembangkan tembang jowo dari kamar sebelah ruangan putro , putro yang hatinya sedang gundah meratapi nasibnya diruangan tersebut )

Putro                  : apa yang harus kujalani ini. Apa salahku. Apa yang harus ku lakukan sekarang. Dunia seperti telah menyudutkan aku kesudut neraka. Neraka yang tak terasa panasnya dikulit. Tapi terasa menganga didasar hatiku. Aku telah menyusahkan dan menyengsarakan orang2 yang seharusnya kubahagiakan karena kusayangi. Apa aku harus menyudahi saja semua ini. Bakar, ya, bakar saja. Tapi….. jadi tak ada gunanya kalau semuanya kubakar. Kubur, kubur saja, ya, kubur saja. Tapi…. Apa aku bisa mengubur begitu saja dengan mudahnya…..(berjalan mendekati kaca cermin yg terpasang di tembok, seakan berbicara dengan bayangannya)mungkin harus dengan pikiranku yang laen, iya benar ini semua ketidak fahamanku?(seakan sambil menuding byangannya dcrmin) yang tertutup ego ego dan ego....., predikat lelaki sejati doktrin penyesatan otakku, keluarga sempurna obsesi semu bagai pencari surga yang tak mungkin mampu membayangkan sesuatu yang jika dibayangkan maka bukan seperti itu. Serasa bahagia saja yg kuingini tak peduli bahagia yg laen aku tertipu dunia aku terlena oleh hayalan dan ketakutan, takdir seakan tak mampu menemuiku bukankah Tuhan itu lebih tahu? lalu ketakutanku ini bgai trauma masa lalu yaitu bayangan masa depan yang selalu bahagia. egois seakan aku curi surga dari akhirat untuk hiburan duniaku ini.    achhh….. tidak…. Lebih baik aku teriak saja….. hooooiiiiii……
( putro menggedor cermin yang mnempel ditembok sebelah yang terdengar asal dari suara lelaki yang menembang tersebut hingga pecah)
Putro                  : bopo……… uwes sek bopo….. aku iki lagi sumpek bopo….. ojo ngrameni sek yo, ojo nggawe atiku tambah sumpek……… pliiiiiztttt!!!!!

Adegan 8:

( bapak putro seng krungu suarane anak’e mbengok koyok ngunu langsung mandek lek nembang karo raine mbecucu)
Bapak                : wong tuo nembang iki gawe nglipur ati seng lagi gundah. Kok malah jare nggarahi sumpek. Piye to iki. Keadaan kok dadi kualek kabeh ngene. Jan gak iso menikmati hiburan kok anakku iki. Jan ra gaul blas……

TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar